Suwuk salah sawijining pala pendhem. Thukule yen wayah rendeng. Uwite nglencir ijo belang-belang putih, kaya ana panunen. Mangsa ketiga uwite mati uatawa garing. Iku pertandhane wis tuwa lan uwohe (umbine) siap diunduh.Kanggo sedulur ing padesan, biasane suwek sing wis dionceki (kulite isa ditandur) banjur didhang utawa dikukus lan diuyahi. Yen ora entek, isa digoreng. Rasane gurih. Luwih-luwih suwek sing warnane rada kuning. Oh .. iya, suwek kuwi ana rong jenis, saliyane kuning uga ana sing putih.
Nanging suwek sing sugih karbohidrat iki pancen umure rada dawa. Ora iso tiap taun panen. Biasane thukulan pertama nganti mati gedene ora ana sakepel. Banjur musim udan thukul maneh, uwohe mundhak gedhe. Ning ya tergantung lemahe uga.
Kira-kira telung taun, uwohe suwek gedhene lagi isa sak endas. Yen ora diundhuh, suwek bakal metu kembange. Jenenge jeboh. Ambune ora nguwati. Badeg banget, kaya bathang (bangkai).
Kembange suwek iki cukup unik. Rupane abang tuwa, tur gedhe, dhuwure isa nganti 30 sentimeter. Sing ora ngerti, kembang iki diarani bunga bangkai. Malah akeh sing nggathuke muncule kembang iki karo bab gaib kaya sing asring muncul ing koran.
Padhahal iki ngana kembang suwek, sing sejatine umbine rasane lezat. Lan wis makaping-kaping diteliti yen suwek ngono kandungan gizine ora kalah karo pala pendhem liyane utawa beras. Dadi iso kanggo bahan panganan alternatif. Nuwun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar