Rabu, 05 November 2008

Sapi Kereman Nguntungake

Kanggone petani, rasane ora pas yan mulih saka sawah ora nyangking suket utawa damen kanggo pakan raja kaya. Upamane sapi, wedus, kebo lan sapanunggalane. Mulane rata-rata petani mesti duwe ingon-ingon.
Liyane kuwi, yen duwe ingon-ingon, limbahe tetanen ora perlu dibuang. Damene pari, lunge tela, glagahe tebu, isa dimanfaatake kanggo pakan kewan. Malah isa kanggo cadangan pakan nganti pirang-pirang ulan, ora perlu ngarit.
Kaya petani ing Plaosan, Magetan, Jawa Etan. Ing daerah erenge Gunung Lawu iki, wargane akeh sing petani. Meh saben omah duwe ingon-ingon sapi. Ora mung sapi putih (lokal) nanging sing akeh malah sapi turunan, Brahman utawa jenis Limosin.
Sapi tumrape para petani ing Plaosan, ora mung klangenan. Nanging uga dadi celengan. Saben panenan yen bathine rada akeh mesthi ditukokake sapi bakalan. Yaiku sapi sing isih enom utawa durung ndaging. Saiki regane sapi bakalan kira-kira Rp 6 yuta nganti Rp 7 yuta.
Terus, sapi iki dikerem ing kandhang nganti gedhe. Mulane akeh sing nyebut sapi kereman. Biasane sapi iki lagi ditawake marang blantik yen wis powel (untune pupak), utawa umur setahun kawit ngingu. Kira-kira regane isa nganti Rp 15 yuta. Utawa maneh yen wayahe tahun sekolah anyar, wis mesti akeh sing dodolan sapi. Merga kanggo bayar sekolahe anake.
Unike maneh, ing desa, sapi-sapi iku biasane kandhange campur karo pawon (dapur). Mulane yen sapa wae tindak neng sedulure ana ndesa sing duwe sapi, aja gumun yen saka kadohan wis mambu kletong. Apa maneh, kletonge kewan siji iki pancen dieman-eman. Disimpen lan ora oleh kena udan, supaya isa dadi rabuk. Sak karung kletong sing wis dadi rabuk biasane ditawakake Rp 5000. Lumayan isa kanggo tuku katul, comborane sapi. Nuwun

Tidak ada komentar: