Senin, 10 November 2008

Royokan Balung

Persis 11 November 2008, ing salah sijine hotel sing dumunung ana Jl Raya Darmo lagi ana etung-etungan suara Pilgub Jatim. Atusan wong saka kubune KaJi lan KarSa tumplek blek ing ngarepe hotel, padha aweh dukhungan marang jagone dewe-dewe. Polisi dibantu tentara ora ketinggalan. Melu sibuk ngamanake supaya ora dredah lan padudon. Wong ya padha rakyat Jawa Etane, getihe lan atine padha, semangat mbangun pranatan sing resik, jujur, ora korupsi lan ngutamakake kepetingan rakyat.
Nanging emane, apa sing ditindakake pendukunge para calon malah sak walike. Gawe ontran-ontran rebutan balung, golek menang. Kamangka apa sing wis ditindakake ngganggu kepentingane liyan. Malah kabare ana bakul ideran sing dijotosi amarga dituduh provokator dening salah siji kubu pendukung cagub. Duh Gusti nyuwun ngapunten...!
Banjur piye critane yen wis dadi gubernur ? Mesthi malah ruwet. Durung dadi wae wis adigang, adigung, adiguna. Apa maneh yen wis duwe kedudukan. Mripat dadi wuto, ati peteng, kuping budeg, tangan ciker, sikil mlungker, irung buntet. Sing obah mung lambene, adol jamu. Kandhane cah enom; isane mung ngecak ngalor ngidul ning ora ana wujude.
Lha koyok entut ya ! Ya mesthine ngono. Ora ana wujude, ning ambune gawe wong kiwa tengene semaput. Iku dudu sing dikarepke sedulurku ing padesan, ing pinggir laut, ing pucuk gunung lan ing tengah alas. Sapa wae wonge ora masalah. Ning ya kuwi, priyayine aja mung isa ngentut. Nanging tangane bisa cekatan, lakune trengginas, pengrungone tajem, mripate awas, lan atine padhang. Dadine kamulyan. Ora mung rebutan balung, golek balene nalikane adol umuk ing kampanye. Nuwun

Tidak ada komentar: